Gugup kang padha sumewa.
Raden Untara lan Raden Wratsangka age-age ngrungkebi keng rama Prabu
Mastwapati kang lagi bramantya. Ki Patih Rakryan Nirbita mung ndomblong,
dongang-dongong kaya orong-orong bengong. Putra kalih nuli ngrerepa
marang keng rama supaya ngracut bramantyane manah. Bareng wus rada aring
njareme penggalih, sang prabu ngutus keng putra kalih supaya ngrangket
Raden Setta kasebut. Parentahing Sang Prabu Durgandana mawa mewangenan,
aja pisan-pisan bali yen ora nggawa bebandane Raden Setta. Putra kekalih
nyembah sesedhokan nuli lumengser laku dhodhok.
Lampahe
putra Wiratha kekalih wewirandungan nggendhong ati kang mbentoyong
banget. Dupi wus sawatara adohe saka bumi Wiratha Raden Untara lan Raden
Wratsangka banjur wae leren. Ambegane krenggosan katotol rasa pangrasa
kang medhosol iku. Sawatara suwene priyagung kekalih iku ora bisa wawan
gunem, satriya kanoman sakloron iku ngenam penggalih nuli ngendika.
“Adhimas Wratsangka, ana unen-unen bakiyak kayu teles ya?”
“Wah kangmas Uttara kok taksih saget humor, punapa tegese?”
“Awake dhewe iki lagi apes, nampa jejibahan kang abot alot!”
“Lha abote punika wonten pundi, dalah alote punika punapa?”
“Abote dene kang ngutus iku ratu, alote ngadhepi kadigdayan!”
“Kok lajeng rumaos alot ngadhepi kadigdayan punika pripun?”
“Lhoo kepiye ta sliramu kuwi? Kangmas Setta duwe kadigdayan linuwih ta? Lha wis ayo adhi nututi Kangmas Setta.”
Lakune
Raden Setta luwih krenggosan banget. Ambegane kaya swarane angin
gemrubug huwug-huwug. Bab iki kagawa dening kagete penggalih dene meh
wae ketiwasan tumekeng pati sakala, karana ketaman pusaka dibya ing
astane keng rama Durgandana. Sawise rada adoh anggone lumaku, banjur
mandheg ngenam napase kang ngansur-angsur. Sesege dhadha wis rada suda
ora nderbala.
Wong bagus iku banjur ngudarasa guneman ing btin.
Krasa beja wak ingwang dene ora kongsi palastra siya-siya dening
kridhane pusaka ing astane keng rama. Raden Setta banjur krasa nalangsa
penggalihe. Ora karasa waspane umijil nelesi pasuryane. Nanging banjur
pinupus iku wus pepesthene urip kang kudu dumadi ing dhiri pribadine.
Ora antara dangu kesusul rayine kalih.
Tanpa pocapan liuwih
dhisik, wong elu kuwi banjur rerangkulan nrenyuhake banget. Senajan
padha-padha satriya gegedhuging yuda parandene ora kuwawa nahan wetune
waspa panalangsa ing penggalihe sowang-sowang. Sawise rada sawatara
suwene nuli bisa rembugan.
“Adhimas Untara lan Wratsangka kok
sajak kemrungsung nungka lakune pun kakang ana apa dhi?” Nampa pitakon
mangkono kuwi Raden Untara lan Raden Wratsangka rada kacipuhan. Arep
matur lambane kaya kelet ora kena kanggo guneman. Satriya loro iku
sikut-sikutan supaya ndhisikna matur. Raden untara tumenga.
“Kakangmas
Raden Setta, bilih kawula lepat nyuwun aksami. Anggen kawula gita-gita
nututi tindak paduka bot-botipun dipun utus Rama Prabu Matswapati
supados paduka kersa wangsul, nun.”
“Adhiku Untara lan
Wratsangka, mesthi sliramu ngerti dhewe, kaya ngapa dukane Rama Prabu
Matswapati marang pun kakang. Mula Adhi, pun kakang kaweden banget ora
wani sowan Rama.”
“Kakangmas Setta, Rama Prabu Matswapati duka punika rak kala wau. Nanging sapunika sampun lilih, paduka kapurih wangsul.”
“Adhiku sakarone, dikaya ngapa wae sabda pandhita ratu, pun kakang wis kadhung prasetya ora bakal bali menyang Wiratha, dhi.”
“Kangmas Raden Setta, kamangka kawula dipun begtani purba wasesa supados Kangmas Setta kersa kondur dhateng Wiratha lho.”
Apa
kang dikuwatirake Raden Untara mau kae bener-bener dumadi. Nyatane
Raden Setta bangga ora kersa kondur maneh menyang praja Wiratha. Iki
ateges tuwuh pradondi antarane sedulur kasebut. Raden Setta kepeksa
dikrubut loro, yaiku Raden Untara lan Raden Wratsangka. Dhasare pancen
satriya linuwih, sekti mandraguna, mula senajan dikrubut loro tetep
menter.
Raden Setta ngadhepi adhine loro iku migunakake jurus
manuk sriti nyaut kinjeng. Sikil mbegagah sedheng-sedheng wae, tangan
kiwa ana ngarep dhadha, epek-epek madhep mengarep. Tangan tengen
manglung ana dhuwur sirah, drijine mlengkung kaya driji manuk sriti arep
nyaut tiktik iyik cilik-cilik. Mripat mencereng jlalatan. Napas ngeses
kaya ula arep nyemburake racun. Raden Untara lan Raden Wratsangka uga
wis apal banget marang kadigdayane keng raka Raden Setta. Mula uga
ngati-ati banget.
Raden Unara lan Raden Wratsangka ngerigake
kekuwatan an kadigdayane. Wong loro iku mencar kanggo mecah pikiran lan
kawigatene Raden Setta. Raden Untara nyerang saka ngarep, Raden
Wratsangka nyerang saka mburi. Ewa semono Raden Setta babar pisan ora
gigrig. Nalika diserang saka ngarep lan mburi, anggone ngendhani kepenak
wae. Mung minger mak ser ngono wae. Banjur kanthi cepet banget
nyamber sirahe adhine loro kuwi. Wose senadyan ngelmune sedulur telu
iku padha, nanging Raden Setta nduweni kaluwihan ing babagan
kacepetane obahe badan. Gerak serangane cepet banget nganti Untara lan
Wratsangka ora kober ngendhani.
Sarehne bola-bali kena goco lan
tonyo, wong loro iku koncatan kesabaran. Mula banjur migunakake pusaka
dibya kanggo mungkasi peperangan iku. Raden Setta nglenggana kahanane
kang mbebayani iku mula nili ngecakake aji pawana dirga. Tangan sekarone
ngarah marang Raden Untara lan Raden Wratsangka. Saka tangan iku metu
angin gedhen-gedhnan. Raden Untara lan Wratsangka kaya semut disebut
onclang katut angin. Sawise kuwi Raden Setta banjur ngloyor ngetutake
grenjete ati lan manut obahe suku.
KOCAP KACARITA mbarengi
wektune karo lelakone Raden Setta iku mau, seje critane, yaiku ing
tanah sabrang, ana saweneh negara kang aran negara Ombak Samodra.
Negara gedhe kang nengenake marang pengasilane segara. Kang jejer
minangka ratu ing negera Ombaksegara kuwi jejuluk Prabu Minayaksa.
Nalendra wujud buta mawa sirah iwak lodan nggegirisi banget kae. Ing
wektu kuwi kapinujon dina pasewakan. Sang Prabu Minayaksa diadhep
dening Emban Minayaksi lan para tumenggung sumawana para nara paraja,
pepak.
Beda karo padatan ing paseban dina iki kahanane rada
singup lan tintrim banget. Jalaran Sang Prabu Minyaksa katon suntrut ora
kersa ambuka pangandikan. Mula kahanan dadi amem tanpa gunem.
Ngeget-egeti banget dumadakan prabu Minayaksa tetembangan.
Riris
arda palwa nuting ranu. Dresing karsanira dening kanyut. Manise lingira
gusti. Wohing kamal mirah ingsun. Esem ira duk ing uni. Sidhat agung
narmada. Sajrone aguling. Pangucape janma nendra. Teka tansah dadia
linduran kewala. Katon kang asung usada.....
Dhuh sinuwun, punika wau kados lelagon lindur.”
“Yen mangkono apa tegese riris ara palwa nuting ranu iku?”
“Riris arda punika jawah deres, palwa nuting ranu niku kenyut.”
“Wohing kamal lan sidhat agung ing narmada kuwi tegese apa?”
“Wohing kamal punika asem. Sidhat agung ing narmada niku kewan uget-uget ageng wonten seganten punika ulam uling.”
“Sabanjure hehh emban Minayaksi, pangucape nendra, apa?”
“Enggih Sang Pabu, pangucapipun janma nendra punika nglindur.”
Sang
Prabu Minayaksa nggujeng latah-latah. Dheweke krasa kaya nglindur
guneman maneka warna jalaran kasmaran marang wanodya putrane Prabu
Dewakusuma ing negara Pancalaretna kang nama Dewa Kanekawati. Mula
emban Minayaksi kautus nglamar Kanekawati.
SEJE KANG CINARITA,
kang ana ing praja Intenrukmi sawenehing negara ing tlatah Suwarnadipa
ana nalendra mudha bagus kang warna. Sang Prabu Kencana Ginurit asmane.
Dhasar nalendra mudha isih legan durung palakrama, mula keh para putri
lan para endhang putra pandhita kang padha kasmaran. Ewasemono sajake
isih ra ana kang nocogi ing karsa.
Nuju ing dina soma manis iki Sang nata Prabu Kencana Ginurit lagi lenggah sinewaka para nara praja.
“Kakang Patih Salakawangsa padha raharja anggonira marak?”
“Dhuh
Sang Prabu kencana Ginurit sesembahan kawula, karana saking sih paduka
punika andayani kawilujengan kuma ning. Inggih saking punika kawula
keparenga ngaturake sembah bekti.”
Pambegtinira wus ingsun tampa
kakang patih, kepenakna dhisik anggonira sowan. Dene sira manggala yuda
Salakajaya, kepiye anggonira nggegulang marang para prajurit lan
tamtama?”
“Nun inggih Gusti, lepat nyuwun gunging aksami.
Prajurit ing praja Intenrukmi ngriki ngengingi keprigelaning perang,
solah saha kridhaning curiga, tuwin embating warastra, muter watang
sangandhap tuwin sanginggiling turangga sampun mboten kuciwa.”

Tidak ada komentar:
Posting Komentar