Satriya Sungging Sela Gumuling (1)
Ana saweneh sinebut Praja
Wiratha ing Hindhustan. Nuju dina pasewakan, ana keparak sakembaran
laku dhodhok ing graha sewaka, mandheg ing ngarepe dhampar kencana. Nuli
lungguh nyembah sesedhokan marang dhampar kencana kasebut. Rampung
banjur lungguh marikelu sawurine dhampar keprabon iku. Kasusul sowane
para punggawa dalah sentana praja Wiratha. Nalendra Wiratha Sang Prabu
Matswapati uga katelah Sang Nata Prabu Durgandana lenggah ing dhampar
katon bingar.
Sang Prabu Durgandana
migatekake para punggawa lan sentana kang padha sowan. Ana keng garwa
Dewi Rekathawati, putra kakung Raden Setta, Raden Utara, lan Raden
Wratsangka. Ora kari putra wadon mung siji thil yaiku Dyah Ayu Kusuma
Dewi Utari. Rekyana patih wrangka wredha Nirbita uga ngabyantara anteng.
Regenge pasewakan dikombang dening sang dhalang, leng-leng ramya nikang
sasangka wancine sumewah. Marengga ruming paseban lir mandaya,
hamandaya sekaring bawana, jaladri kapita ing surya. Sasiningrat katon
rena gambira hamuja harja harjaning bumi.
“Kakang Patih Nirbita, paran padha bagya sowanira kiyi Tihhh?”
“Lha enggih Sinuwun, awit saking pangestu padukendra, anggen kula sowan wilujeng mawon nunn. Sembah kula mugi konjuk, nun.”
“Sembahira
ingsun tampa kanthi rena lan gembira Kakang Patih. Sawise kang kadya\
mangkono, kepiye pawartane Kakang Patih, lan kepiye pawartane tata
praja?”
“Nun inggih Sinuwun, babagan keprajan ingkang wigatos sampun kelampahan kanthi maremaken sanget.”
“Eee ala dalah! Haaa...haaaa! Lha rak ngono! Nyatane Kakang Patih Nirbita bisa mrantasi gawe temenan.”
“Nun inggih Sinuwun, nyatanipun kawula alit sami remen bilih narapraja pangembating negari punika sami sumeh.”
“Kulup putraningsun wong kang gagah prakosa Raden Seta! Kepriye anggonira ngrumpaka marang tata kaprajuritan ing ketahanan?”
“Rama
Prabu, lepating atur nyuwun gunging aksami. Ing babagan olah
kaprajuritan, tanceping curiga, lumepasing warastra, ngemba watang
sangandhap tuwin sanginggiling turangga, sampun boten ngiwani. Sawanci
wonten mengsah, sampun samapta.”
“Ooo angger putraningsun wong
njenthara, banget-banget panarimaningsun marang sakabehing narapraja
sakabehane. Lamun tanpa sinengkuyung dening kabeh pawongan, tamtu dadi
curna.”
Sawise ngendika ngandhar-andhar angendhukur Sang
Matswapati nuli ambegan landhung angelantur. Polatane Sang Prabu
nyrambahi sakupenge laladan pasewakan kemput datan luput. Sawise
sawatara suwene anggone amem, Sang Prabu nuli manabda.
“Kakang
Patih Nirbita, mesthine jenengsira isih eling duk nalikane ingsun dhaup
pikantuk Yayi Dewi Rekathawati biyen ta? Duk nalika semana yuswaningsun
lagi 22 taun. Lha rak moncer ta? Isih mudha tumaruna parandene wis wani
mengku wanita.”
Patih wredha Rakryan Nirbita ndlongop anggone
ngrungokake pangandikane Sang Prabu Durgandana iku. Dhasare patih mloto,
mula banjur ngguyu disambung guneman gecul kang isi banyolan.
“Ooo
lha enggih, kula taksih kemutan terus nun! Kepara kula taksih kengetan
jaman kula mengku nyai patih mbiyen. Nalika semanten umur kula taksih 18
taun. Nanging kula rak mpun wantun rabi.”
Raden Setta ngrungu
guyonane kang rama Prabu Durgandana lan Rakryan Patih Nirbita mangkono
mau penggalihe ketir-ketir lan nyungir kari samenir. Sebab Raden Setta
bisa tumanggap marang ener pangandikane para sepuh kuwi.
Ora
lidok, guyonane Sang Prabu Durgandana lan Rakryan Patih Nirbita kasebut
pancen katujokake marang kang putra Raden Setta. Sang Prabu Durgandana
ngersakake Raden Setta enggal mengku wanita minangka sigarane nyawa.
Sajake Sang Prabu selak kepengin ngudang wayah kang lucu.
“Kulup
putraningsun Rahadyan Setta, pun rama isih kemutan lelakon 25 taun
kepungkur . Ing wektu kuwi wancine jam enem enjing. Ibumu kang ing wektu
iku lagi nggarbini sepuh dumadakan wae nglairake jabang bayi kang
ingsun jenengake Rahadyan Setta. Mula ing dina iki umurmu wis 25 taun.”
Tekan
kene iki penggalihe Raden Setta tansaya rongeh. Penggalihe satriya
bagus iku tansaya kedher ngeder-eder kaya swiwine laler miber. Dheweke
wis ngrasa yen bakal ngadhepi kekarepane keng rama kang sasuwene iki
tansah ngribeti rasa rumangsa lan grahitane.
“Kakang patih
Rakryan Nirbita, jenengsira iku duwe kalenggahan minangka wrangka
tumraping nalendra. Tegese duwe kewajiban caos tetimbangan ing babagan
ruwet-rentenging praja kang lerege caos tetimbangan marang ratu gustimu.
Lha ing dina iki ingsun mundhut iguh pratikelmu, apa wong tuwa
saumur-umuringsun iki wus pantes ngudang putu?”
Ooo...ooo! Haaa....haa! Lha empun radi kasep Gusti Prabu! Pantesipun kados Sang Prabu niku wayahe pun tiga.”
Lha rak ngono ta! Saka pamawasira ing antarane putra-putraningsun iki sapa kang mesthine kudu krama caos putu?”
“Nun inggih putra mbajeng sang bagus Rahadyan Setta nun.”
Mireng
ature Patih Nirbita mangkono mau Rahadyan Setta kuwi banjur kemringet
gobyos nelesi sarandune badan. Penggalihing wong anom iku banjur ruwet
semrawut. Sang Prabu nuli manabda.
“Angger putraningsun Rahadyan
Setta, jenengsira wus ngrungu dhewe ngendikane wakmu patih. Mula becike
sira ing titiwanci iki palakrama hamengku wanita. Wadon lan putri ngendi
kang sira condhongi, pun rama saguh nglamarake.
Suwe Raden
Setta ora caos wangsulan marang keng ramane. Lambene kaya kelet ora kena
diobahake. Ilate dadi kelu kaku, cangkem blangkemen ora kena kanggo
guneman. Mula Sang Durgandana nuli mbaleni maneh nanting kasaguhane
Raden Setta iku.
“Rama Prabu Sang Matswapati, lepat nyuwun gunging aksami. Ing ari punika taksih mopo mengku bojo punika.”
“Lhoo kepiye ta sira iku kulup Setta? Sira iku wus dewasa banget. Saiki kudu palakrama aja nganti banjur kasep.”
“Nanging rama Prabu, jer manah kawula taksih dereng sumanggem mengku wanita minangka garwa rama Prabu. Nyuwun duka nun.”
“Lhooo kok wangkot ngono ta sira kuwi Setta? Aja banjur wedi nindakake palakrama ya! Wong omah-omah iku kepenak lo, ngger.”
“Rama
Prabu Durgandana sesembahan kawula, lepat nyuwun aksami. Bilih boten
lepat, para leluhur sampun paring pitedah tumrapipun tiyang sesomahan.
Rama Prabu, manah kawula dereng saged siyaga dados gegaranipun bale
wisma. Pramila kawula kawula mopo nun.
Pranyata Raden Setta tetep
mopo ora kersa mengku bojo. Senadyan wis diarih-arih mawa tetembungan
manis, parandene iya isih tetep mbegegeg durung kersa mengku wanita
minangka jatukrama, Sang Prabu Durgandana banjur nggrantes ngeres
penggalihe. Nalendra praja Wiratha ing Hindustan iku rumangsa getun lan
keduwung njenengake putra mbarep iku nganggo aran Raden Setta.
Gawang-gawang Sang Prabu kemutan lelakone rumuhun.
Nalika semana
Prabu Durgandana nedheng-nedhenge nggandrungi Retna Dewi Rekathawati.
Nanging katresnan iku dipepalangi dening adhine Dewi Rekathawati kang
aran Raden Seta. Nalika semana kepeksa dadi padudon kongsi nuwuhake
pepati. Awit nalika semana Raden Seta diperjaya dening Raden Abiyasa
kang bebela marang Raden Durgandana. Kanggo mengeti lelakon iku putrane
Prabu Durgandana kang pembayun dijenengi Raden Setta. Kemutan lelakon
kasebut Prabu Durgandana muntab banget penggalihe marang keng putra
Raden Setta. Sanalika ngunus curiga arsa katamakake aneng dhadhane keng
putra. Trengginas Raden Setta nuli oncat.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar