Powered By Blogger

Mantrawedha Sunan Kalijaga




Dhandhang gula

Ana kidung rumeksa ing wengi,
teguh ayu luputa ing lelara,
luputa bilahi kabeh,
jin setan datan purun,
peneluhan tan ana wani,
miwah panggawe ala,
gunaning wong luput,
geni atemahan tirta,
maling adoh tan ana ngarah mring mami,
guna duduk pan sirna.

Sakabehing lara pan samya bali,
kehing ama pan sami miruda,
welas asih pandulune,
sakehing braja luput,
kadi kapuk tibaning wesi,
sakehing wisa tawa,
sato galak lulut,
kayu aeng lemah sangar,
songing landhak guwaning mong lemah miring,
myang pakiponing merak.

Pagupakaning warak sakalir,
nadyan arca myang segara asat,
temahan rahayu kabeh,
apan sarira ayu,
ingideran mring widadari,
rineksa malaikat,
sakathahing rasul,
pan dadi sarira tunggal,
ati Adam uteku Baginda Esis,
pangucapku ya Musa.

Napasingun Nabi Isa luwih,
Nabi Yakub pamiyarsaningwang,
Yusuf ing rupaku mangke,
Nabi Dawud swaraku,
Yang Suleman kasekten mami,
Ibrahim nyawaningwang,
Idris ing rambutku,
BagendAli kulitingwang,
Abu Bakar getih daging Umar singgih,
balung Bagenda Usman.

Sungsum ingsun Patimah linuwih,
Siti Aminah banyuning angga,
Ayub ing ususku mangke,
Nabi Nuh ing jejantung,
Nabi Yunus ing otot mami,
Netraku ya Muhammad,
panduluku rasul,
pinayungan Adam Sarak,
sampun pepak sakhathahing para Nabi,
dadya sarira tunggal.

Wiji sawiji mulane dadi,
apan pencar sak indenging jagad,
kasamadan dening dzate,
kang maca kang angrungu,
kang anurat kang anyimpeni,
dadi ayuning badan,
kinarya sesembur,
yen winacakna ing toya,
kinarya dus rara tuwa gelis laki,
wong edan nuli waras.

Lamun ana wong kadhendha kaki,
wong kabanda wong kabotan utang,
yogya wacanen den age,
nalika tengah dalu,
ping sewelas wacanen singgih,
luwar saking kebanda,
kang kadhendha wurung,
aglis nuli sinauran,
mring Hyang Suksma kang utang puniku singgih,
kang agring nuli waras.

Lamun ora bisa maca kaki,
winawera kinarya ajimat,
teguh ayu tinemune,
lamun ginawa nglurug,
Mungsuhira tan ana wani,
luput senjata tawa,
iku pamrihipun,
sabarang pakaryanira,
pan rineksa dening Hyang Kang Maha Suci,
sakarsane tinekan.

Lamun arsa tulus nandur pari,
puwasaa sawengi sadina,
iderana galengane,
wacanen kidung iku,
kehing ama sami abali,
yen sira lunga perang,
wateken ing sekul,
antuka tigang pulukan,
musuhira rep sirep tan ana wani,
rahayu ing payudan.

Sing sapa kulina anglakoni,
amutiya lawan anawaa,
patang puluh dina wae,
lan tangi wektu subuh,
lan den sabar sukuring ati,
Insya Allah tinekan,
sakarsanireku,
tumrap sanak rakyatira,
saking sawabing ngelmu pangiket mami,
duk aneng Kalijaga.


Prasapa Ratu Kalinyamat

Pangkur

Nyimas Ratu Kalinyamat
Tilar wisma anggung duhkiteng galih
Tapa wuda sinjang rambut
Neng wukir Danaraja
Aprasapa nora bakal tapihan ingsun
Yen tan antuk adiling hyang
Patine sedulur mami


Serat Wedhatama

Serat ini bukan pra Mataram Surakarta. Tetapi diawali dengan mengisahkan petualangan Panembahan Senapati pendiri kerajaan Mataram Surakarta sebelum menjadi raja.

Sinom

Nuladha laku utama
Tumraping wong tanah Jawi
Wong agung ing Ngeksiganda
Panembahan Senapati
Kepati amarsudi
Sudaning hawa lan nepsu
Pinesu tapa brata
Tanapi ing siang ratri
Amamangun karyenak tyasing sasama

Samangsane pasamuwan
Mamangun marta martani
Sinambi ing saben mangsa
Kala-kalaning ngasepi
Lalana teka-teki
Nggayuh geyonganing kayun
Kayungyun eninging tyas
Sanityasa pinrihatin
Pungguh panggah cegah dhahar lawan guling

Saben mendra saking wisma
Lelana laladan sepi
Ngisep sepuhing sopana
Mrih pana pranaweng kapti
Tis-tising tyas marsudi
Mardawaning budya tulus
Mesu reh kasudarman
Neng tepining jalanidhi
Sruning brata kataman wahya dyatmika

Wikan wengkoning samodra
Kederan wus den ideri
Kinemat kamot ing driya
Rinegem sagegem dadi
Dumadya angratoni
Nenggih Kangjeng Ratu Kidul
Ndedel nggayuh nggegana
Umara marek maripih
Sor prabawa lan Wong Agung Ngeksiganda

Dahat denira aminta
Sipeket pangkat kanthi
Jroning alam palimunan
Ing pasaban saben sepi
Sumanggem anyanggemi
Ing karsa kang wus tinamtu
Pamrihe mung aminta
Supangate teki-teki
Nora ketang teken janggut suku jaja

Prajanjine abipraya
Saturun-turune wuri
Mangkono trahing awirya
Yen amasah mesu budi
Dumadya glis dumugi
Iya ing sakarsanipun
Wong Agung Ngeksiganda
Nugrahane prapteng mangkin
Trah tumerah darahe padha wibawa

Ambawani tanah Jawa
Kang padha jumeneng aji
Satriya dibya sumbaga
Tan liyan trahing Senapati
Pan iku pantes ugi
Tinulad labetanipun
Ing sakuwasanira
Enake lan jaman mangkin
Sayektine tan bisa ngepleki kuna

Lowung kalamun tinimbang
Ngaurip tanpa prihatin
Nanging ta ing jaman mangkya
Pra mudha kang den karema
Manulad nelad nabi
Nayakengrat gusti rasul
Anggung ginawa umbag
Saben seba mampir masjid
Ngajab-ajab mukjijat tibaning drajat

Anggung anggumbel sarengat
Saringane tan den weruhi
Dalil dalaning ijemak
Kiyase nora mikani
Katungkul mungkul sami
Bengrakan neng masjid agung
Kalamun maca kutbah
Lalagone dhandanggendhis
Swara arum ngumandhang cengkok palaran

Lamun sira paksa nulad
Tuladhaning Kangjeng Nabi
O, ngger kadohan panjangkah
Wateke tan beteh kaki
Rehne ta sira Jawi
Sathithhike bae wus cukup
Aja guru aleman
Nelad kas ngepleki pekih
Lamun pangkuh pangangkah yekti karamat

Nanging enak ngupa boga
Rehne ta tinitah langit
Apa ta suwiteng nata
Tani tanapi agrami
Mangkono mungguh mami
Padune wong dahat cubluk
Durung wruh cara Arab
Jawaku bae tan ngenting
Parendene paripeksa mulang putra

Saking duk maksud taruna
Sadhela wus anglakoni
Aberag marang agama
Maguru anggering kaji
Sawadine tyas mami
Banget wedine ing besuk
Pranata ngakir jaman
Tan tutug kaselak ngabdi
Nora kober sembayang gya tinimbalan

Marang ingkang asung pangan
Yen kasuwen den dukani
Abubrah bawur tyas ingwang
Lir kiyamat saben hari
Bot Allah apa Gusti
Tambuh-tambuh solah ingsun
Lawas-lawas anggraita
Rehne ta suta priyayi
Yen meminta dadi kaum temah nistha

Tuwin ketib suragama
Pan ingsun nora winaris
Angur baya ngantepana
Pranatan wajibing urip
Lampahan angluluri
Aluraning pra luluhur
Kuna kumunanira
Kongsi tumekeng samangkin
Kikisane tan liyan amung ngupa boga

Bonggan kang tan mrelokena
Mungguh ugering ngaurip
Uripe lan tri prakara
Wirya, arti, tri winasis
Kalamun kongsi sepi
Saka wilangan tetelu
Telas tilasing janma
Aji godhong jati aking
Temah papa papariman ngulandara

Kang wus waspada ing patrap
Mangayut ayat winasis
Wasana wosing jiwangga
Melok tanpa aling-aling
Kang ngalingi kaliling
Wenganing rasa tumlawung
Keksi saliring jaman
Angelangut tanpa tepi
Yeku aran tapa tapaking Hyang Sukma

Mangkono janma utama
Tuman tumanem ing sepi
Ing dina rikala mangsa
Mangsah amamasuh budi
Lahire den tetepi
Ing reh kasatriyanipun
Susila anoraga
Wignya met tyasing sasami
Yeku aran wong barek berag agama

Ing jaman mengko pan ora
Arahe para taruni
Yen antuk tudhuh kang nyata
Nora pisan den lakoni
Banjur njujurken kapti
Kakekne arsa winuruk
Ngandelken gurumitra
Pandhitane praja sidik
Tur wus manggon pamuncunge mring makripat


Suluk Padhalangan

Leng-leng ramya nikang sasangka kumenyar
Marengga rum ing puri
Mangkin tan pasiring ...
Halep ikang umah mas lwir murub ring langit
Tekwan sarwa manik tawingnya sinawung saksat sekar ning suji
Unggwan Banowati yan amrem alango mwang nata Duryodana

Irika ta sang Gathotkaca kinon,
mapag Arka suta,
tikap ira Kresna
Parta maneker muji saktinira,
sang inujaran wawang masemu garjita
karsa marek,
mawasana bagya yan hana pakon ri patik nrepati,
hoooong ...

Meh rahina semu bang hyang baruna,
kadi netraning ogha rapuh,
sabdaning kukila ring kanigara seketer,
ni kidung ning akung,
lwir wuwus ing winipanca
pepetak ing ayam wana
ring pagagan merak hanguwuh bremara
ngrabasa kusuma ring prahasyan arum

Tidak ada komentar: