Powered By Blogger

"Suwidak Loro"


Rumahku di tengah pusat kota yang kala itu masih belum terlalu ramai, diteduhi oleh rindangnya pepohonan besar yang mengitari, Aku tidur bersama ibuku di dipan kayu jati yang kokoh dengan semacam canopy menjulur memayunginya untuk menggantungkan kelambu kami. Akhir thun 50-an nyamuk masih jadi musuh utama, menjangkitkan malaria yang menggigilkan dan sering merenggut kesadaran manusia.
Ibuku, perempuan Jawa yang santun, sederhana dan halus budi, mengepitku di ketiaknya. Melabuhkan jemarinya di anak-anak rambutku dan memperdengarkan kelembutan suaranya mengantarkanku ke mimpi indah. Dengan dongengan-dongengan klasik itu, yang sampai sekarang tak akan pernah kulupakan. Di antaranya, "Suwidak Loro".
--------
"Ing sawijining dina, jaman kina makina, ing sawijining ndesa urip Nyai Randa sing nduweni anak wedok kang ala rupane. Raine medeni wong sing nyawang, tur rambute mung ana suwidak loro ler," demikian ibuku mulai berkisah.
"Ananging, Nyai Randa eman kepatipati marang anak kinasihe iku. Saben mbengi nalikane wong-wong lagi pada turu angler, Nyai Randa mesti ngayem-ayemi anake kanti ndedonga, -Angger anakku Suwidak Loro, kowe putriku kencana katon wingka. Tak pujekno mbesuk gede kowe dadi sisihane pangeran- ngono iku tansah sing dadi tembunge saben dinane nganti isuk mruput."
"Pandonga lan pengarep-arep iku tansah diagung-agungake saben dina, njalari tangga teparone pada kesuh. Kabeh rumangsa kebrisikan lan ora bisa turu jenjem amarga suwarane Nyi Randa iku mau. Lha jeneh bocah ala rupane kok diarani ayu. Ananging Nyi Randa ora tau nganggep, saben dina ya isih pijer nembangi anake lan ngagung-agungake wae."
Aku menatap mata ibuku tak percaya. Dalam hatiku terbersit tanya, adakah benar seorang ibu sedemikian rupa tak dapat melihat keburukan anaknya sendiri? Maka kupotong perkataan ibuku dengan tanya, "Lha yen dalem, apa ya ayu tha bu?" Ibuku tersenyum geli memperlihatkan gigi gingsulnya yang manis. Diusapnya kini pipiku, "ya, kowe bocah ayu, anakku ragil." jawabnya menimbulkan binar di bola mataku yang mulai kuyu ditelan kantuk. Di sisi kiri ibuku, mbakyuku Iene tersenyum-senyum mencibir.
"Ing tembe mburi, salah sijine tangga teparo iku ana sing wadul matur marang Kanjeng Gusti, raja ing tanah iku amarga ora trima yen Nyi Randa tansah ngagung-agungake anake sing ala rupane. Miturut deweke, swarane Nyi Randa banget brisike marai ora nurokake wong liya. Kangmangka sakjane Suwidak Loro rupane malah medeni." Ibuku menarik nafasnya lalu mengembuskan dengan lembut menjalarkan kehangatan padaku.
"Saiba kagete uwong iku bareng ngerti yen Gusti Raja malah ora nggugu marang omongane lan kepengin nemoni dewe si Suwidak Loro. Sakbanjure, Gusti Raja ndawuhi Patihe marani omahe Suwidak Loro sakperlu nglamar Suwidak Loro iku kanggo didadekake mantune." Mataku mengerjap-ngerjap tak percaya. Benarkah itu? Seorang Raja yang tentu tampan serta berharta mau melihat dan melamar seorang miskin dan buruk rupa?
Ibuku yang bijaksana seakan menangkap pertanyaanku, dengan lembut dilajutkannya kisah favoriteku itu, "Ya, anak-anakku genduk angger sing ayu, temenan iku." Kata ibu sambil memandangi kami bergantian. Kakakku mulai mempermainkan ujung rambut panjang ibuku yang tergerai lepas dari sanggulnya, sementara tanganku bersembunyi di balik kutang nini ibuku. Kami sama-sama tersenyum bahagia.
"Nyai Randa disusuli nang ndesane murih bisa ngadep Patih sing arep nerusake pangendikane Gusti Raja. Tekan Kraton, Nyai Randa dingendikani yen Suwidak Loro bakal dilamar kanggo Pangeran. Saiba bungahe atine Nyai Randa. Praupane mencorong ananging suwarane gemeter, -Kanjeng Patih, sarehne anak kawula sanget ayunipun, keparenga kawula nyuwun rasukanipun ingkang badhe dipun paringaken supados anak kawula saged dandos wonten griya kemawon. Kawula setuju badhe masrahaken Suwidak Loro supados kangantenaken mbenjang enjang-" begitu tutur ibuku menirukan kata-kata Nyai Randa. Kelihatan sekali ibuku bersemangat menceritakannya.
Mataku semakin nyalang. Telingaku kupasang juga. "Sesuke, isuk-isuk mruput Suwidak Loro tuli didandani. Dipupuri lan ditapihi nganggo penganggo paringane Gusti Raja wingi iku. Ananging kowe ngertia nduk, apa sing kedadeyan? Rupane malah malik sangsaya elek amarga simboke ora pinter dandan apa maenh ndandani wong liya." Kini giliranku menarik nafas, mengangakan mulutku tak percaya. Ada rasa gelisah, karena jauh di dalam hati aku ingin Suwidak Loro bisa berubah jadi cantik. "Banjur kepiye iku bu?" tanyaku bersamaan dengan mbakyuku Iene.
Ibu melanjutkan kisahnya, "Ya ora dadi apa. Deweke dijupuke tandu tuli dilungguhake tandu ing njero kamar. Sak bubare iku lagi tandune kena diusung para punggawa kraton." Kami berdua semakin merapatkan tubuh kami kepada ibu yang sangat kami kasihi menandakan kedekatan hati kami.
"
"-Ngger anakku cah ayu, aja pisan-pisan kowe ndelok menjaba lan wani-wani mbukak tandu iki. Amarga rupamu kang ayu mung entuk disawang nang Gusti Pangeran. Yen kowe luwe nyoh kowe dak sangoni panganan kesenenganmu kanggo mbok pangan turut dalan-, kaya mangkono pituture Nyai Randa marang anake sakdurunge tandune diusung metu. Ing njaba kana tangga-teparone rumangsa ayem amarga wis ora bakal keprungu maneh suwara-suwara kudangan brisik kaya adate kae.
"Nyai Randa ora tau pedot anggoni nirakati anake. Mula Gusti Allah banget kasihe. Ing tengah ndalan, embuh seka ngendi tekane, ujug-ujug ana widadari kang tumurun sarta njenjeri Suwidak Loro ing palungguhane. -Suwidak Loro, aku teka mrene amarga anakku ing swarga ngambung ambune panganan enak seka tandumu. Deweke arep njaluk setitik wae amarga ora bisa ngempet kepenginane. Oleh apa ora?- pitakone widadari iku. Suwidak Loro ora ngolehna amarga iku sangu seka ibune. Nanging si bocah anake widadari tetep kepengin njaluk tan kena dierih-erih. Sidane Suwidak Loro gelem aweh janji si bocah gelem ngijoli raine karo raine deweke. Ndilalah raine bocah iku pancen banget ayune. Si bocah ora kabotan. Saknalika embuh kepriye carane, raine Suwidak Loro malik dadi ayu, bareng karo ngilange widadari sarta panganan sangune seka ngomah mau." Sampai disitu ibuku kembali menghentikan perkataannya dan menyunggingkan senyum, menyejukkan hati kami.
"Bareng wis tekan kraton, kabeh wong sing nyawang Suwidak Loro pada bungah atine. Amargo, saknyatane bocah iku pancen ayu rupane. Saking bungahe, Patih diutus marani ndesane Suwidak Loro kanggo menehi persen mawujud lemah kang amba tur subur. Nyai Randa uga ditimbali supaya manggon nang kraton sakbubare nekseni pesta ngantenane Suwidak Loro. Nyai Randa ndredeg ora ngira yen bakal ditimbali didawuhi manggon ana kraton. Sing ana nang njero pikirane, mengko gek tekan kraton arep dikunjara amarga ngapusi marang Kanjeng Gusti Raja. Nanging saiba kagete bareng deweke weruh si nganten putri dudu anake dewe. Sing lungguh ana kursi temanten wong liya sing ayune banget. Bareng karo kahanan iku, Suwidak Loro marani biyunge tuli sungkem lan crita kahanan sing dialami nalika ing tengah ndalan. Kabeh sing nekseni pada melu bungah, uga merkabak ngelingi katresnan kang wis ditandur Nyai Randa marang anake."
"Mangkono iku kisahe dongengan Suwidak Loro, saiki wis pada turua," ucap ibuku seraya menutupkan selimut ke atas tubuh kami, Di luar sana suara para peronda malam di Pos Hansip kampung kami mulai terdengar, selagi bapakku bersiap-siap keluar rumah membawa Radio Transistor Philipsnya sebagai peneman mereka meronda malam. Sethermos kopi telah disiapkan dari dapur kami disertai pisang kepok kukus yang baru kami panen tadi siang. Kemudian suara mereka menghilang pelan-pelan terhapus oleh guratan mimpi di dalam tidurku. Selagi mereka sendiri menghabiskan waktu sambil bermain halma diselingi ronda keliling kampung. Hari makin larut saja.

Tidak ada komentar: